Naruto  Rasengan ™everything I know™: Februari 2012

Minggu, 05 Februari 2012

Bukune keri

   Mulih sekola Siti karo Dewi ora langsung mulih, nanging njunjung menyang omahe Slamet. Omahe katon sepi banget, jebul ing iringan omahe ana simbahe Slamet sing lagi ndondomi jarik lawas. Bocah loro uluk salam bebarengan.


Siti lan Dewi    : "Assalamuallaikum..., kula nuwun..."
Mbahe Slamet : "Waalaikum salam, mangga Nak. Kowe sapa? Apa kancane Slamet? ana perlu apa nak?"
Siti                   : "Nggih Mbah, niki ajene ngeterake bukune Slamet"
Mbahe Slamet : "Oo... mbalekne bukune Slamet, bar koksilih ta piye?"
Dewi               : "Lho mboten mBah, niki kalawau kula manggihaken waonten panggenan sepeda, kula tinggali                                     kok namine Slamet."

Mbah Slamet  : " Woo... ancen bocah sembrana, nggawa buku ditinggal sakenggon-enggon!"
Dewi               :" Lho mboten ngoten mBah."
Mbahe Slamet :" He..he salah maneh ya...?Piye...piye ceritane

Siti&Dewi            :" ngatenlho mbah..."(bocah loro wangsulan bareng), banjur ngguyu bareeng.
Siti                       :"njing wau pas olahraga slamet royokan bal kalian darmaji lan dirman, lajeng siangnipun slamet      sanjang kecalan bukunipun kmangka benjing wonten ulangan."
Dewi                    : "Mbok menawi bukunipun lajeng dipunsingitaken lare kalh niku< sebab biasanipun slamet remen njaragi lan nyingitaken bukunipun kanca-kanca. malah buku kula lan bukunipun siti nggih nate dipunsingitaken!"
Mbahe Slamet      : "Oo  jalarane iki mankono ta?pancen slamet nakal tenan koqya! ya wis mengko daksenenane bocahe"
(dumadakan slamet teka di gonceng sepeda motor dening pak Dodik. driji sikil kiwane di perban dadi mlakune rada pincang, sikut kiwane ya beset kabeh, ana obat merahe. batine siti lan dewi nyukurakr\e sebab slamet pancenkalebu bocah sing paling nakal neng kelase. wong telu padha mlayu marani slamet lan pak dodik sing isih ana ndhuwur sepeda motor.)

Mbahe Slamet      : "lho kena apa kowe Le< pancene bicah kurang ajar, ya ngono iku oleh-olehane yen dadi bocah naka. iku jenege kuwalat, hayo saiki rasakna dhewe...!"(mbahe slamet nyedhaki karo muring-muring marang slamet)
slamet                  :"Kncaku lho sing nggarahi dhisik. bukuku disingitne , wong aku ora salah mbah ..!
Siti&Dewi            :" Iya tapi kena apa met kowe kuwi?"
slamet                  : "ora apa kok, mek keceklik sithik"
                              "kowe mrene ngaterne bukuku ya? wah matur nuwun banget ya."
Dewi                   : "slamet kenging menapapak?"
Pak Dodik          : " biasa... kuwi mau tukaran karao darmaji lan dirman terus mencolot pager sikile kecanthol, kepunthing tiba"
                           "mboten menapa-napa kok mbah, niki sukunipun kecanthol pager lajeng ndawah"
Mbah slamet       :"Nggih ngapunten pak, kula nyuwun ngapunten tumrape nakalipun wayah kula, niki dados ngrepoti panjenengan"

Pak Dodik          : "Mboten dados menapa mbah, sampun kewajiban kula, guru ngopeni murid"
Mbahe slamet     : "wah matur nuwun sanget nggih Pak, ugi Pangeran paring wales dhumateng panjenengan lan uga marang kowe sapa, Siti lan Dewi ya? Sepisan maneh matur nuwun ya Nak..."

Total Pageviews

Poll

Template by:

Free Blog Templates